Pages

Jumat, 08 Februari 2013

Wehhh wehh wehhh... Plekethusss..!!!

 jal apa kue maksude nyong nulis judul kaya kue? ya kue gandeng karo kepala prodi S1 Pariwisata UGM, jenenge ya kui Beliau bapak Prof. DR. Marsono,.S.U, (bener apa ora kie lah nulise) gelare akeh banget sihh.. ya kie dosenku sing paling enak paling gokil paling luci paling seru paling sekabeane,, pokoke maen lahh.. tapi dosen liane ya maen maen kabeh sihh,,, tapi kepriben yah?? Pak Marsono kue keren . Berwawasan luas (genah lah wong profesor doktor masa loho kaya aku). pak marsono kui dosen sing andap asor gemah ripah loh jinawi lah ibarat cangkrimane jaman gemiyen, senajan pak Marsono kui wis ora nom maning aliase sampun sepuh, nanging esih semangat utawane enerjik ulih mulang aku lan kanca-kancaku.. ea ealaaahh... pak marsono kui sering banget ngandani nyong karo kanca-kancaku" koe mlebu pariwisata UGm kui wong pilihan, kepriben ora jal kan 2210 pendaftar sing ketrma kur 45 sekelase anu ana 2 kelas.. dadine nyong kudu berjuang go ngembangna pariwisata indonesia.

Ndisit yah agi jamane aku esih umbelen aben-aben ditakoni nang tanggane apa dulur-dulure mbesuk gede arek dadi apa, ya mesti tek semauri arek dadi dokter, mungkin jawabane wong seindonesia pada kabeh. nek ora ya dadi tentara apa dadi polisi. nangapa yah kabeh wong tua nnganggepe kerjanan kue tok sing isa marekna sukses.. padahal esih akeh ilmu liane sing bisa gawe sukses ora kur nyuntiki wong tok sing isa sukses..

Nyong mlebu pariwisata UGM ya kayane kebetulan lah wong ndisit ora niat, niate kepengine meng UI jurusan manajemen. (gemblung mbok??) nek ora ya geografi.. nangapa aku ndisit kepengine milih Manajemen utawane geografi?? ya menurutku kerjanan kue sing cocok kanggo awaku ketimbang selia-liane.. tapi ana sing tek kepengini mening jurusan teknik Dirgantara ITB karo teknik Perkapalan ITS nek ora ya UI, karo undip.. ketone sangar kohh. duite mbarang ya seabregg..

eiittt... aja dikira ndisit kau kepengine kur kaya kue tokk.. ndisit aku ya kepengin dadi perawat, dadi musisi(teka siki sih esih kepengin dadi musisi tapi go sambilan). aku ya kepengin banget nlebu isi . tapi mbuh nangapa aku koh malah mlebune Pariwisata,, pilihan pertama SNMPTN mening. apa ora salah pilih? apa ora males ulih kuliah?? apa kanggonggawe kuliah kaya kue?? eitss jangan salahhh.. berkat penjelasan lugas kang mantep kan pak Marsono aku ngrasa mantep kuliah ng Jurusan Pariwisata UGM. ora kur mandeng jenenge unive tokk lohh.. kue sebanding karo bidang studi nang pariwisata kue nyong banget lah pokoke. tapi sing gawe jeleh kue mung sijj.. bahasane kue lohh sing njaluk di idek-idekk.. masalaeh aku luwih seneng itung"an sejane,, tapi ya ra papa l;ahh wong kie dalankuu

ilmu Pariwisata kue ora kur sekedar plesir,, palah aku ra tau ngrasani plesir sekolahh nang kene.. mbuh ngesuk,,. mula kui wong akeh sing salah persepsi tentang ilmu pariwisata. akeh wong ngomong pariwisata sih go ngapa kur plesir tok,, uripe seneng -seneng, gaweane ng gon dugem(astagfiruloohh)) kue citra buruk sing pancen ana nang dunia pariwisata, anu pariwisata kue isa njamah dunia apa baen kang dunia religi ngantek dunia gemblung aliase dugem... nang pariwisata kue nyinauni babagan akeh banget... ora isa tek jelasna tok siji siji menggo tanganku kesel yah ulih nulis,, wong dibayar ya ora....

nang kena aku ya dadi ngerti bahasa lan kebudayaan bangsa liya sing isa docontoh nang bangsa indonesiam tapi sing apik sing elek ya aja ditiru,.. Nek wong ngerti bahasa kue ngendi ngendi ayemm.. Ndueni gengsi gede mening, ya apa ora?? contone Pak SOekarno presiden pertama Indonesia,, Pak Soekarno kue isa 8 bahasa asing.. wehhwehhwehh mantep temen yah??? jelas lahh... makane ya kue aku kue siki kudu semangat sinau bahasa ben isa kaya pak Soekarno.. isa keliling dunia mening.. Amiiinn semoga saja...

Rasane kuliah nang kene sih enak enak bae jarkua,, batire ya pada kepenakan, walaupun ana sing soksokan tapi ya mung siji loro tokk. mayoritas enak". mbetaih lah pokoke..

siki insya Allah aku positif lah kuliah nang kene, ngapa sih pindah pindah, durung karuan tempat kuliah ngemben luih apik. lah nek luih elek apa ora emaneman???

BIsmilahh kudune nyong semangat ben isa entuk IP kumtol >3.5... aku ya ndue pangarep-arep kepengin ngrasani kuliah nang negarane wong lia, prancis, Swiss. Amerika, Australia utawane tangga edeke dewek Thailand.. Semoga baen Gusti ingkang maha luhur paringono dalan sing kepenakk.. Allohumaa Amiinnn



0 komentar:

Posting Komentar

 

(c)2009 SALAH KAMAR. Based in Wordpress by wpthemesfree Created by Templates for Blogger