Pages

Jumat, 08 Februari 2013

Alasan nangapa Blog kiye nganggo bahasa Jawa logat ngpak..

Kepriben kabare sedulurku kabeh?? terutama sing serumpun karo nyong, wong cilacap, banyumas, purbalingga, banjarnegara lan kebumen jajal ngacung!!!!!!!!!!
pokoke go kabeh daerah sing kelebu jawa ngapak


ya bahasane dewek kue kelebu bahasa sing apik maen lan ndueni gengsi sing gede, iya jelas lah akeh wong sing kepengin sinau bahasa kaya kie kohh.. ngandel ora>??? ora ngandel ya uiss....

siki akeh wong terutama generasi muda kue pada isin ngomong kaya kie padahal kie bahasane dewek lohh.. siki luih seneng pada ngomong loee guee loee guee eluuuu.. ndasmu lah jarjare koe kabeh lair nangendi yah???? gaya temen.. ra pada gelem ngomong karo bahasane dewek.. siki tangga tanggaku mbarang ya wis mule kena sindrom logue. siki nek wis ngranto meng jakarta apa mengendi mbuh mesti baline ngomonge beda,, pada gemagus sih lahh.. ngantek manan anake ya diwaraih ngomong karo logue. gaya sih jaree,, ujar"e bahasaku ora kalah apik apa??? ra trima aku bahasaku go nyek"kan..

babagan kue sing dadi alasan nangapa bloggku kie nganggo bahasa kaya kie,, udu berarti aku ra seneng bahasa indonesia utawane Inggris sebage bahasa persatuan.. masalaeh nek ora ana bahasa Indonesia bangsa Indonesia ura mungkin merdeka.. tapi ya mandan diregani sitik bahasane dewek lah,, kayanu kalong apa jal nek ngomong karo bahasane dewek?? ya nek arek ngomong bahasa logue ya mandan ditata,, ulih ngomong aring mangsa sing pass..


aku kue ndueni pangarep-arep bahasaku kie ngemben dadi bahasa Internasional. makane kue aku sering banget promo meng ngendi-ngendi, ben bahasaku dewek isa terkenal kaya bahasa Ind=ggris,, okehh


yuh sedulurku kabehh.. jal mandan diatur maning ya,,, masa enggane bahasane dewek arek ilang kaya dinosaurus sing gedene semena beh isa ilang... njaluk tulung lah bahasane dewek dijagha ben aja punah.. sukur-sukur isa dadi bahasa Internasional.. nggeh nopo nggeh??

yawis yaa dari pada aku emosi suesue kaya kie lahh,, aku ya mending meneng..

o ia akhirul kata nyong njaluk ngapurane menawa tulisan tentang babagan kie mandan nyengas utawane gatikk. ya maklum lah wong kaya kie anane kon kepriben maning??

Wassalamualaikum WR.WB

0 komentar:

Posting Komentar

 

(c)2009 SALAH KAMAR. Based in Wordpress by wpthemesfree Created by Templates for Blogger