Pages

Selasa, 05 Februari 2013

priatin golet ilmu

haloo mas bro mbak sistt... Assalamualaikum..!!

sue kie amin phatoeleteletel ura mosting ng blog kiye jalarane anu mangkel karo laptope sing ngahngohh. kue penyebab sing pertama, esih ana maning meninga penyebab liyane, yakui anu modeme ora ana pulsanee.. (karuan lah yah?? sapa baen ya ngerti masa bakalan koneka nk ra ana pulsane.. mikir ya kirr). terus kaping telune yahh anu agi mumet garapi tugas (dongane kan kudu siap modem  men gelet materine kepenak ng internet, tapi kue ra asik wirrr nek ora ngrakit dewek tugase. lamona ulih biji sitik ra papa lah sing penting rejeki, di trima baen.. Ra trima apa koe??? pukulin sisan karo agi mumet UAS,(ya jelas mumet lahh wong ket ndisit tau sinau beh ora sinaune pas garek UAS tok beh ngahngohh , nembe sinau sedela wis turu, nembe maca judul bukune wis ngimpi tekan jabarakat pitu mbokk..)


ohh iyaa.. judule ta priatin golet ilmu. tapi deneng postingane nylenceng yah?? hahha maklum kie agi ra konek utek karo dengkule..

ndisit pancen agi jamane kelas loro SMA aku ya kepengin banget sekolah ng kota Ngayogyakarto hadiningrat (Yogyakarta). nangapa jal?? ya kue gara garane kesirian kancaku sing isa sekolah ng salah sijine sekolah ng jogja.. bareng bladas-bludus ngalor-ngidul ngetan ngulon ngubengi jogja karo kancaku (seringe sih mlaku dewek) aku dadi banget kepengine sekolah nang jogja. wis enak, seger, akeh wonge (ngaraku sih wong tapi jere batirku gendruwo haha.. peacee brooo), panganane murah. cewene jere ayu ayu... tapi ya ra ana sing kaya Lulu Sughandi. (jelas lah wong kiye bidadariku sing paling ayu dewek ng angkasa raya)

okehh gara garane kue yahh bareng aku mlebu sekolah kelas 3, aku mulai banting stirr banting gelas banting duit banting utek banting laptop... (jarjare laptope saapa hah???) aku nang kelas kiye kudu jungkir wolak-walik ben ulih biji apikk. mulai saat kiye aku rajin puasa senen kemis, salat 5 waktu ra tau lat, manut karo wong tua lan keluarga, salat wengi lakonono(salat tahajud, hajat, karo witir) terus ditambah salat duha. ngajine di tambah pokoke wajib bar ba'da subuh lan ba'da maghrib kudu ngaji.. ora ngaji dupakk.// lan kue amalan liyane kudu ditambah kaya rajin beramal (nek agi ana rejeki utawane ora).. kejaba kue aku ya kudu rajin sinau.. ,mulai detik kue pola turu, dolan, sekolah, sinaune dirubahh

jam 2-3 salat
jam 3-subuh sinau
bar subuhan maca Qur'an gari mapan turu hhaha(rai bantal)
jam  5 adus karo siap siap
jam 5.30 mangkat sekolah
jam 6 tekan jam 2 sekolah
jam 3-4.30 turu
jam 4.30-magrib ngaso karo dolan (nek kober)
jam 6-7 magriban karo ngaji
bar kue ngisanan gari sinau tekan jam tengah sanga.. bare ya langsung klenger tekan jam 2 esuk hahaa (kadang bablas tekan jam 5)

okeh kue mau jadwalku sing tau tek gawe,, sempat isin sih jane anu diwaca ng batir sekelas, tapi rapapa lahh nyatane kiye isa njujugna aku tekan Gadjah Mada University (mandan britis sitik lah haha)

mula kui aku kudu urip priatin ura kur golet ilmu tapi golet masa depan akherat, sebenere urip kue ora kur go seneng-seneng utawane hedonis, urip ya karo aturan. aturane ya sing wis ana ng Al-Qur'an lan hadis,nang kono wis di jabarna ngantek sedetil detile nek ura ana ya esih ana ijtihad kan para ulama. sing bisa go panutan urip sing luwih bener.
semoga wak dewek kegolong manungsa sing urip bener dunia akherat lan ulih berkah Allohuma Amiiinnn..

okehh semene gisit ya sedulur.. (gayane koh kayanu ana sing arek maca hahah))

Wassalamualaikum Wr.Wb

0 komentar:

Posting Komentar

 

(c)2009 SALAH KAMAR. Based in Wordpress by wpthemesfree Created by Templates for Blogger